(1) Bismi'llahi'rrah'mani'rrahimi, wa bihi nasta’in
alhamdu lillahi rabbil alamin, wa shalatu 'ala rasulihi Muhammadin wa washabihi ajma'in.
Nyan punika caritanira Sekhul Bari tatkalanira apitutur dateng mitranira kabeh ; kang pinituturaken wirasaning Usul Suluk - Wedaling carita saking (2) Kitab Ihya 'ulum aldin lan saking Tamhid - antukira Sekhul Bari ametet i(ng) ti(ng)kahing sisimpenaning nabi wali mukmin kabeh.
PUPUH I
Mangka akecap Sekhul Bari - kang sinalametaken dening pangeran : e-Mitraningsun! sira kabeh den sami angimanaken wirasaning Usul Suluk i(ng)kang kapetet ti(ng)kahing anakseni ing pangeran ; miwah kawruhana yan sira pangeran tunggal, tan kakalih; saksenana yan sira pangeran asifat saja suksma mahasuci tunggalira, tan ana papadanira, kang mahaluhur. e Mitraningsun !
den sami amiarsaha, sampun sira sak malih ; den sami aneguhaken, sampun gingsir idepira.
Iki si lapale tingkahing anakseni ing pangeran : “Wa ash’hadu an
la ilaha illa llahu wah’dahu, la sharika lahu wa
ash;hadu anna Muhammadan rasulu llahi”.
(3) Tegese ikU: ingsUn anakseni | kahananing pangeran kang anama
Allah, kang asifat saja suksma, langgeng kekel wibuh sampurna
purba qadim sifatira mahasuci, orana pangeran sabenere anging
Allah uga, pangeran kang sinembah sabenere kang agung.
e-Mitraningsun ! sang siptaning lapal “ora” iku: dening sampun awit
itbat karihin, nora malih anaksenana i(ng)kang nora yakti ; tanpa
wiyos idepe wong iku mene.
Kalawan ingsun anakseni yan baginda Muhammad kawulaning Allah
kang sinihan, ingutus agama islam iya iku i(ng)kang tinut dening nabi
wali mukmin kabeh.
e-Mitraningsun ! karana satuhune lapal “nora” iku: nora malih
angorakena satuhuning Allah pangeran, nora malih angorakena
pange(ra)n siya siya - tegesing siya siya (4) iku kadi ta ana | peken barang kakasihe: nora malih. Yan mo(ng)konoa salah tunggal den orakena kupur uga wong iku mene. Kewala si lapal “nora” iku: sikeping wong kang sinung wasil
paningale kang antuk pastining iman sakadare ika. Kewala lapal „nora" iku: i(ng)kangandelingaken mahasucining pangeran jan tunggal tanpa kufu’ iku siptane kang anduweni sabda iku.
Lan norana papadaning Allah pangeran. E-Mitraningsun Sang siptane lapal kang ingorakaken iku iya i(ng)kang orana pisan papadaning Allah pangeran. Tegesing sang sipta iku : dening mantep ananira uga kang andelingaken ing mahasucinira ing piambekira, mapan orana kang Iyan saking Allah pangeran. Kaya apa ta idepe wong iku mene yan anaha papadaning pangeran, duk sadurunge angucap (5) “orana pangeran” iku, | wus pasti ing idepe yan anging Allah pangeran kang sabenere, kang sinembah kang pinuji kang tunggal andadeken satuhune kang agung.
Mangka a(na)bda Sekhul Bari: e-Mitraningsun! karana i(ng)kang napi iku sawusing itbat, karana, duk angucap: “orana pangeran” iku, wus awit itbat: “anging Allah uga pangeran kang sabenere”. Iku salamete ujar iku.


Tidak ada komentar:
Posting Komentar